Selasa, 10 September 2013

Sesorah

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahirabbil’alamin, wabihi nasta’im, wa’ala umuriddunya waddin, wasshalatu wassalamu’ala ashrofil anbiyai wal mursalin, sayyidina wamaulana muhammadin wa’ala alihi washahbihi ajma’in, amma ba’du..
Ingkang kaulo urmati, bapak Setyamoko ingkang tansah kaulo ndereaken patuwa saha nasihatipun, lan rencang-rencang sedaya ingkang kaulo tresnani.
Sepindah, mangga kita sedaya atur agunge syukur dumateng Allah S.W.T , ingkang sampun maringi Rahmat lan Hidayah kagem kita, seingga kita saget kagempalan wonten ing tempat menika.
Mboten kesupen, shalawat salam uga kita sanjungaken dateng Nabi Muhammad SAW, ingkang kita tenggo syafa’atipun ing dinten akhir menika, amin allahumma amin..
Ing dalem kesempatan menika, kula badhe matur babagan Birrul Walidain. Yaiku Bekti marang kaleh tiyang sepuh. Wonten hadist ingkang njlentrehake babagan menika, yaiku :
.............
“ Ridha Allah tergantung pada Ridha Kedua Orang Tua, dan Murka Allah tergantung pada Murka Kedua Orang Tua.”
Ingkang sakpanunggalipun, yaiku wonten Firman Allah ing dalem QS. Lukman : 14 ;
............
Hadist lan Ayat Suci Al-Qur’an menika, dados pengileng kita supados ampun murka marang tiyang sepuh lan ugi senantiasa atur syukur dateng Allah. Bapak ibu ingkang sampun maringi welas asihe, gadah kekarepan mugi kita sedaya dados lare ingkang soleh/solehah lan pestine ugi bekti marang tiyang sepuh kaleh.
Saking menika, kita kedah usaha supados kita saestu njagi kepercayaan ingkang bapak ibu paringi kagem kita, ampun ngantos kedadeyan atur kita ndadosaken manahipun bapak ibu sakit. Na’udzubillahi mindzalik..
Cekap semanten mawon ature kulo, bilih wonten kaluputan ageme kaulo matur, nyuwun agunge pangapunten. Mugi-mugi ing dalem sakpanunggale wedal, kita saget kepanggih maleh ing adicara menika.

Wabillahitaufiq walhidayah...


Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar